Popular Post

Posted by : Unknown Kamis, 03 April 2014

ALAS RUSAK
GAJAH-GAJAH PADHA NGAMUK

     Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatan dilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa (2/11). Gajah-gajah mau ora mung ngrusak pategalan duweke warga wae nanging uga mlebu desa lan mgobrak-ngabrik omahe pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning Lan Buai Pamanan
     Miturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis wani nyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak. Ruli ngaku pihake sarwa salah anggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah kalebu kewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wis mbebayani tumrap warga padesan. kang bisa dilakoni dening rawi mung aweh pengumuman marang masyarakat supaya waspada marang pangamuke gajah-gajah mau.
      Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombe merga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah baseh dening tumindake menungsa. miturut Dinas Kehutanan Simatra Selatan, saka total ambane alas 3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar. kajaba kuwi alas produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan gundhul
       ing taun 80-an uga tau kadedean ana grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga. nanging nalika iku gajah mau bisa digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampung kanthi nggunakake helicopter duweke kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kaya ngono dibaleni meneh, nanging mbutuhake ragad kang gedhe

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

TRANSLATE

English French German Spain Italian Dutch

Russian Portuguese Japanese Korean Arabic Chinese Simplified
Diberdayakan oleh Blogger.

- Copyright © Ahmad Hilal - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -